Senin, 26 September 2011

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr.wb Ingkang dahat kinurmatan ibu kepala sekolah SMPN 2 JETIS, bapak ibu guru lan kanca-kanca ingkang kulo tresnani. Langkung rumiyin sumangga kito dherekaken raos puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat lan nikmat dhumateng kulo lan panjenengan, sahingga kulo lan panjengan saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tetep kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, Amin. Bapak ibu guru lan kanca-kanca sing kulo tresnani. Ing kesempatan niki minangka kulo mewakil kanca-kanca kelas IX . Kita sedih sanget amarga ing waktu ora suwih maneh, bapak eko guru olahraga kita bakal ninggalake sekolahan iki amarga tugasipun sampun rampung lan bade pensiun. Ing kesempatan niki kula lan kanca-kanca sedaya maturaken suwon sanget amarga bapak sampun ngajar kita sedaya kale sabar lan telaten. kita maturaken salam pisah dhateng bapak. kula lan kanca-kanca nyuwun ngapunten sing katah menawi wonten lepat sing sengaja nopo mboten menyang bapak Eko. Kulo kinten menggah atur pembuka, kula cekapi sementen mawon. Mekaten kalawan ingkang saged kula aturaken bilih wonten kekurangan. Kula matur ngapunten sing katah. kula akhiri wassalamualaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar